Story  

Guyonane Wong Cilikan

“Yu, delok kuwi bojomu plirak plirik nek enek wong wedok ayu”.

“Yo ben. Wani selingkuh lak tak kethok anune”.

“Kowe getun nu, bojomu ra due.”

“Yo ben.”

“Aku ki gak plirak-plirik. Mung pengen ndelok kui bener cah wedok po lanang.”

“Wes nggenah wedok ngunu.”

“Yo ora mesti. Sakiki ki opo-opo wes owah je.”

“Wooo alasanmu thok mblung.”

Obrolan kuwi ono ning salah sijine warung kopi. Bakule sakbojo. Kadang isuk seng nunggu lanang, terus nek rodok awan diganti sing wedok. Kadang-kadang sing lanang isuk yo melu nang warung kopi. Ngudud sak ler, ngopi, mangan sak bungkus, terus muleh neh.

“Mblung, kowe kuwi ra tau cemburu to karo bojomu. Mbok ben dewekan nang warung kopi. Sing tuku lho wong lanang-lanang tok.”

Baca Juga:  Banteran

“Cemburu apane. Wong nek iso ape tak wadahi kerdus tak ijolne sing anyar je.”

“Lho Yu, rungokne dewe omongane bojomu. Kowe ape diijolne sing anyar.”

“Wani to piye? Wong hapene bojone burek ae rakuat nukokne kok ape wayoh.”

“Lho Mblung. Ditantang bojomu kuwi lho. Ojo hawat-hawat nyedot rokok.”

“Aku ra ape wayoh. Wong bojo siji ae ra entek-entek je. Sakjane ape tak wenehi banderol sisan koyo sego bungkusan kuwi, ben dituku wong sisan.”

“Oooo….iki lanang wedok jiann podo gendenge kok. Mboh…mboh.”

“Haha….aku ora gendeng. Bojoku kuwi sing konslet.”

Baca Juga:  Poster Blendung Jagung: Makanan Tradisional yang Cocok Disantap Bareng Teh Panas

Lanang wedok sing dodolan kopi kuwi pancen seneng guyonan. Tapi, kanggone wong priyayi, guyonane wong loro kuwi nylekit tur iso ndadekne tukaran nang omah. Tapi, kanggone wong loro sakbojone kuwi, guyonan maeng yo dianggep biasa-biasa wae lan ndadekne malah guya guyu. Kanggo wong-wong ngunu kui, urip pancen mung mampir ngguyu tok. Guyonan kasar ndadekne romantis.

Guyonan ngunu kui ora ngarah enek no pejabat-pejabat sing mangan sekolahe akeh. Kanggone wong cilikan, rumah tangga ora diartekne kudu sing alus-alus koyo glepung. Tapi yo sing tas-tes lan kasar. Sing wedok ora wedi karo sing lanang. Sing lanang ora sok alim no ngarepe bojo. Losss….Aku dewe pas nang warung kunu mung iso mesem lan ngempet ngguyu. Koyo-koyo ra pengen ngalih soko warung. Ati lho iso melu bungahhh.

Baca Juga:  Kembang Malam Sambut Tahun Baru

“Dadi wong lanang kuwi kudu tanggungjawab Mblung. Ojo mung isone ape wayoh tur plirak plirik nek enek wong wedok ayu. Bojomu kuwi yo kudu diragati.”

“Omonganmu bener kuwi. Enek neh sing koyo kuwi. tak kulake.”

“Oooo jiannn Jemblung tenan kowe kuwi.”

“Hahaha…lha omongan bener kan kudu dikulak, terus iso tak dol neh.”

___________

*) Kiriman soko pembaca.

Kowe pe kirim cerito? Ra sah kesuen. Langsung monggo mrene ae: redaksi.gangkecil@gmail.com

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *