“Kang, manukem ndang ditokno.” Suarane Kang Dul mbengoki Kang Mat banter tenan. Tonggo kiwo tengen podo mlengaki Kang Dul. Tapi Kang Mat sing dibengoki malah lungguh anteng karo nyedot udut.
“Kang, manukem ndang ditokno.” Kang Dul mbaleni olehe mbengok.
Kang Mat mlengak. Jek rodok bingung, opo karepe Kang Dul.
“Mbok kon ngetokno no ndi to Dul? Lha wes apik no njero sarung ngene,” jare Kang Mat jek lungguh no dingklik teras omahe.
“Kae lho enek manuk no mburi omahem. Manuk uculan. Ben katut melok manukem. Wes to ndang ditokno,” jare Kang Dul mulai gregeten.
Kang Mat jek ra ngerti opo karepe Kang Dul. Opo maneh dekne wes penak-penak lungguh jigrang karo ngudut. Isuk-isuk ngene jan enak tenan.
“Kae enek manuk lovebird ucul no pring mburi omahmu. Nek manukem mbok tokno, terus krungu suarane, engko manuk uculan kuwi bakale melok manukem. Engko terus cekelen,” jare Kang Dul karo mlaku nyedaki Kang Mat. Wes ora sabar ndelok Kang Mat plonga plongo tok.
“Oalah ape mitat manuk uculan to.” Kang Mat ngadek, jupuk manuke terus dicantolno no tritis omah e.
Wong lanang loro kuwi banjur ndelok pucuk pring sing enek manuk lovebird uculan. Arep-arep manuk uculan kuwi nyedak lan iso dicekel.
Kang Dul cerito ngalor ngidul babakan manuk lovebird. Koyo-koyo dewekne wong sing paling ruh manuk. Dewekno yo gak lali nuturi Kang Mat kon ati-ati, ojo sampek manuke ucul. “Nggone sopo kui yo Kang. Ndue manuk malah diculno. Opo sing due lali gak nutup kurungan yo Kang.”
“Lha mboh. Mosok aku ruh,” jawabe Kang Mat.
Wes dienteni suwe, manuk uculan gak mudun-mudun. Kang Dul keleson banjur muleh. Lha dewekne kaget ndelok kurungan no teras omahe.
“Oalah Kang. Jebule sing no pring kui manukku. Iki kurunganku bolong. Manuk karo-karone ilang,” jare Kang Dul bengok-bengok.
Oalah Dul-dul….