Malam jumuah wingi aku sakwengi tahlilan ambal pindo. Sepisan tahlilan rutin, kaping pindone tahlilan patangpuluh dino tonggo sing kapundut. Tradisi tahlilan dungakne wong sing wes mati wes enek wiwit aku cilik.
Sakdurunge tahlilan Mbah Yai wenehi pengantar. Yo sakantarane limang menit. Intine ngajak wong-wong podo ora ninggal sholat lan ora ninggal golek ilmu. Sholat ora iso ditinggal. Masio kenek musibah lara misale, ya tetep diwajibake sholat. Semono ugo ngaji, golek ilmu iku ora ono batese, dawuhe Mbah Yai. Ora mung kanggo bocah-bocah no sekolahan Utowo nang TPQ.
Nanging, wong-wong tuwo yo tetep kewajiban ‘golek ngelmu’. Kanggo wong tuwo golek ilmu ora mesti karo moco, tapi yo iso nganggo kuping. Mergo mripate wis ora awas.
“Ngaji nganggo kuping. Lha piye neh mripat yo wes ra patek awas. Moco sakmenit ae kadang wes ngelu sirahe. Dadi ngaji nganggo kuping ae. Ngrungokno kyai jelasne kitab. Iku wes apik. Ojo sampek ora golek ilmu,” dawuhe Mbah Yai kampungku.
Opo kang didawuhake mau kok pas Karo kahanan sakiki. Akeh wes podo aras-atasen golek ilmu. Pengen e langsung berdebat, adu ilmu. Padahal ngajine ra sepiro jero. Ngrungokne dawuhe Mbah Yai mau kok dadi isin dewe. Lha wong tuwo ae due semangat Gede banget, wong nom2 kok podo bengak bengok tok ga gelem golek ilmu.
Mbah Yai mau wong e tawadlu, khas kiai kampung sing ga seneng ngetokno ilmune. Tapi ngetokne semangat golek ilmu. Saben Ahad isuk, Mbah Yai mau Melu ngaji No masjid bedo kampung. Ngaji nganggo kuping.
Wong koyo Mbah Yai mau jumlah e akeh banget. Nanging wong-wong ngene iki ora ketok. Sing ketok ya wong2 sing ngakune due ilmu akeh nanging lakune ora jejeg. Sakiki wong2 sing ora jejeg lakune ngebaki panggung. Mulane luwih apik nek sinau yo Karo kiai2 kampung sing ora neko2. Pengene yo mung golek ridhone Pengeran Kang Maha Agung.